Opo kui IT enthusiast ??
Anggap wae seorang yang senang belajar hal-hal berkaitan dengan dunia IT, mau ngaku IT Specialist atau Software Developer atau Network Engineer, kok yo sajaknya ngapusiii lha wong mung iso sitik2. 😀
Tapi yo isih mending (kaum mendang mending) daripada babar blas ora iso ora gelem sinau pisan. Ajur rek. dudu sampean lhoo iki
Kok iso kepincut IT ??
Semua berawal ketika tahun 2001 sak bare lulus smp dan mboh pie critane waktu itu kok yo mutuske mlebu sekolah anyar sing rung kesohor bibit bebete, sekolah SMK sing mung duwe satu program studi jenenge Teknik Informatika. Ben dikiro hebat mungkinn atau bocah anti mainstreamm, 😁
Jadi bisa dibilang saya telah mengenal dunia IT selama 20 tahun, luwih suwe kenal iki daripada bojo ku sing galak -ups, putus nyambung koyo wong pacaran ujung2nya ga bisa move on.
Terus 20 Tahun ki ngopo wae ??
Sing jelas mangan; ngegame; turu; repeat
Dasare wong ndeso, ngimpiku ndisik ora wani duwur2 lur, arane anak saiki insecure. Salahku ndisik cita-cita ku ga tak gantungke setinggi langit, mung tak cantolke ning nduwur lawang. Cukup iso ngantor ning gedung bertingkat mangkat esuk, ning kantor ngedep komputer ngerjakke opo wae, wes ngono. ora ngarah neko2. Mergo kuii leh ku sinau yo mung sebatas o ngono tohh.
Terus iso opo wae saiki ??
- Networking ?? nak mung nyambungke komputer siji, loro kulo saget lurr.
- Programing ?? ngene2 aku pernah sinau VB, Delphi, PHP mung wes akeh laline
- Database Administrator ?? iso ne mung mysql, export import database andalane
- Data Enginner ?? lha iki nembe wae sinau sasi wingi, biar kekiniann jenenge we enthusiats
- Benerke Printer, Benerke Scanner, Router ?? lha mbok kiro superman, superman we gaweane mung mabur kok.
